NGUMBAH KUCING

Posted in Rabu, 05 Juni 2013
by Unknown


Wonokairun tuku rinso ndhik toko-ne Bunali.
“Mbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah dhéwe?” takok Bunali.
“Aku katene ngumbah kucing” jaré Wonokairun.
“Gak salah tah Mbah”, Bunali bingung.
“Iyo, soalé kucingku akéh tuma-ne”, jare Wonokairun.
“Wah yo isok mati kucing sampeyan Mbah’ Bunali ngilingno.
“Lho koncoku wingi ngono, yo gak opo-opo” jaré Wonokairun.
Mari mbayar, Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge.
Sisuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok.
“Yok opo kucing sampeyan Mbah?” takok Bunali.
“Kucingku mati” jaré Wonokairun.
“Lho lak temen tah. Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. Laopo kucing atik diumbah
ambek rinso, wong onok obat tumo” jare Bunali nyeneni.
“Kucingku mati gak mergo rinso”, jare Wonokairun njelasno.
“Opoko lho??” Bunali gak sabar.
“Tak péres….”